Jumat, 17 Agustus 2012

khutbah idul fitri


MUJUDAKEN HAKIKAT  TAQWA

Khutbah Idul Fithri 1433 H.
Kanthi Basa Jawi


الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر 
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ


Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Wulan suci Ramadhan  nembe kemawon mengkeraken kita sami.  Mengkering wulan Ramadhan punika mugi-mugi nilar tilas ingkang utami menggahipun kita sami inggih punika ngiyataken saha mantepaken taqwa kita dhumateng Allah SWT.
Supados taqwa ingkang kita gayuh saget kita wujudaken wonten ing gesang kita ing alam bebrayan,  sampun samestinipun kita mangertosi hakikat taqwa ingkang sejatosipun.
Ali bin Abi Thalib r.a. nate ngendika negesi tembung taqwa nun inggih,
الْخَوْفُ مِنَ الْجَلِيْلِ وَالْعَمَلُ بِالتَّنْزِيْلِ وَاْلإِسْتِعْدَادُ لِيَوْمِ الرَّحِيْلِ وَالرِّضَا بِالْقَلِيْلِ
Ajrih dhumateng  Ingkang Maha Mulya (Allah SWT), ngamalaken ingkang tumurun (Al Qur’an), siaga dhiri  kangge ngadhepi  dinten akhirat, rida (marem) dhumateng ingkang sekedhik.
Saking pangandikan  punika, kita saget mendhet hakikat taqwa ingkang kedah wonten ing dhiri kita lan dados pratandha hasilipun ibadah  Ramadhan kita.

Sepisan, الْخَوْفُ مِنَ الْجَلِيْلِ  (ajrih dhumateng Allah). Salah satunggaling  sikap ingkang kedah wonten ing salebeting jiwa kita inggih punika raos ajrih dhumateng Allah SWT. Ajrih ing ngriki boten kados ajrih kita dhumateng kewan galak sahengga kita  nebihi Allah SWT, nanging kita ajrih dhumateng murka, siksa, lan adzabipun Allah. Punika ingkang kawastanan  taqarrub ilallah (dedeple dhumateng Allah). Kanthi makaten, tiyang ingkang ajrih dhumateng Allah SWT, piyambakipun boten badhe tumindak ingkang nalingsir saking pitedahipun Allah.
Namung kemawon manungsa wonten kalanipun tumindak sasar lan lepat, awit saking punika menawi rumaos tumindak dosa, kita kedah enggal-enggal taubat dhumateng Allah SWT lan nyuwun pangapunten dhumateng sok sintena ingkang kita sulayani. Langkung utami malih menawi kalepatan punika wonten hukumanipun, kita nyuwun dipun hukum utawi ngukum diri kita piyambak (mu’aqobah) boten malah mlajar supados mboten dipun hukum kados dene tumindakipun para koruptor ingkang mlajar dhateng manca negari.
Allah SWT dhawuh ing firmanipun:
وَسَارِعُواْ إِلَى مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ

Lan padha enggal-enggala nyadhong ampunan saka Pangeran sira (Allah) lan surga sing ambane sak jembare langit lan bumi kang dicawisake tumrap wong-wong kang taqwa (QS Ali Imran [3]:133).

Minangka conto, ing jamanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten salah satunggaling wanita ingkang tumindak zina, nanging wanita kala wau getun kanthi getun ingkang sakestu. Saking getunipun, wanita kala wau sowan Rasulullah SAW nyuwun supados dipun hukum, nanging Rasulullah boten kersa ngukum karana wanita kala wau taksih ngandut putra hasil zinanipun. Wanita kala wau dipun dawuhi nengga ngantos lahiripun jabang bayi. Sasampunipun bayi lahir, wanita kala wau wangsul malih nyuwun dipun tindakaken hukuman, nanging Rasulullah SAW dhawuh supados nengga anakipun umur 2 tahun.  Anakipun jangkep umur 2 tahun, wanita kala wau nyuwun dipun hukum kanthi hukum rajam. Sasampunipun kalampahan hukum rajam, Rasulullah nyolataken jenazah wanita kala wau. Sahabat Umar bin Khatab boten sarujuk (protes) kenging menapa wanita pezina dipun sholataken? Kanjeng Nabi ngendikan:
لَقَدْ تَابَتْ تَوْبَةً لَوْ قُسِمَتْ بَيْنَ سَبْعِيْنَ مِنْ أَهْلِ الْمَدِيْنَةِ لَوَسِعَتْهُمْ وَهَلْ وَجَدْتَ أَفْضَلَ مِنْ أَنْ جَادَتْ بِنَفْسِهَا ِللهِ عَزَّ وَجَلَّ
Temen wanita iku wis taubat, sawijining taubat kang menawa taubat iku didum marang 70 penduduk madinah, mesthi nyukupi. Apa ana wong kang luwih utama katimbang wong kang masrahake awake marang hukum Allah? (HR. Muslim).
Punika kala wau contonipun tiyang ingkang ajrih dhumateng Allah

Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Hakikat  taqwa  ingkang  angka  kalih  miturut Ali bin Abi Tholib inggih punika,               وَالْعَمَلُ بِالتَّنْزِيْلِ (ngamal kanthi dhasar wahyu ingkang katurunaken/Al-Quran).
Al-Quran dipun wahyokaken dening Allah SWT supados dados pitedah tumrapin tiyang gesang. Awit saking punika, tiyang ingkang taqwa ing Allah mesti sedaya amalanipun kadhasari wahyu Al Qur’an lan hadits, karana pangandikan lan tumindakipun Rasulullah SAW punika sedaya kadhasari wahyu Al-Quran.
Punika ngemu suraos bilih kita kedah nyinau Al-Qur’an lan hadits, karana mokal kita saget tumindak jumbuh kaliyan Al-Qur’an lan hadits menawi kita boten mangertosi isinipunAl-Qur’an lan hadits. Lan kita badhe mangertosi isinipun Al Qur’an lan hadits menawi kita purun nyinau Al Qur’an lan hadits. Kanthi makaten kita saget dados tiyang muslim ingkang sempurna kados pangandikan Allah SWT:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ ادْخُلُواْ فِي السِّلْمِ كَآفَّةً وَلاَ تَتَّبِعُواْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِينٌ

Hai wong kang padha iman, mlebua menyang Islam sak kabehe, lan aja ngenut lakuning setan. Satemene setan iku mungsuhmu kang  nyata. (QS Al Baqarah [2]:208).
Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin ingkang Bagya Mulya.
Angka tiga,    hakikat    taqwa    miturut Ali  bin  Abi  Thalib r. a.     inggih    punika
وَاْلإِسْتِعْدَادُ لِيَوْمِ الرَّحِيْلِ  (siaga dhiri  kangge ngadhepi  dinten akhirat).
Kematian punika minangka bab ingkang mesti badhe karaosaken dening saben makhluk ingkang gadhahi nyawa. Lan kita pitados bilih mati punika sanes pungkasaning gesang kita, nanging dados awal saking panggesangan enggal, inggih punika gesang ing alam akhirat ingkang sekaca lan botenipun gumantung saking keimanan lan amal shaleh kita ing alam donya. Awit saking punika, tiyang ingkang taqwa badhe tansah siaga dhiri  kangge ngadhepi  dinten akhirat kangge gayuh kabegjan wonten ing alam akhirat.
.Awit saking punika  Allah swt ngengetaken  kita sedaya:
قُلْ إِنَّمَا أَنَا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوحَى إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَهُكُمْ إِلَهٌ وَاحِدٌ فَمَن كَانَ يَرْجُو لِقَاء رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ أَحَدًا
Sing sapa wonge ngarep-arep pasamuan karo Gustine(Allah), mula padha ngamalo kanthi amal shaleh lan ora pisan-pisan nyekutoake Allah ana ing sajroning ibadah" (QS Al Kahfi [18]:110).

Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin ingakng Kamulyakaken Allah SWT.
Hakikat taqwa ingkang angka sekawan miturut Ali bin Abi Thalib r.a. inggih punika
وَالرِّضَا بِالْقَلِيْلِ  (rida (marem) dhumateng ingkang sekedhik).
Kita mesti kepingin pikantuk samukawis, utaminipun bandha donya ingkang kathah sahengga saget nyekapi kebetahan diri kita lan keluarga. Nanging kepinginan punika boten mesti jumbuh kaliyan kawontenan. Wonten kalanipun kita pikantuk kathah, nanging ing kawontenan sanes wonten kalanipun kita pikantuk sekedhik, malah sok sekedhik sanget sahengga kabetahan kita boten kacekapi. Menggahipun tiyang ingkang taqwa, kathah punapa sekedhik katampi kanthi syukur lan tebih saking sifat sumelang punapa dene gersula ing Allah. Tiyang taqwa tansah nampi kanthi ridlo lan sabar. Punika ingkang kawastanaan qona’ah.
Korupsi ingkang dados penyakiting bangsa kita ing wekdal punika sejatosipun kadadosan karana kathah tiyang ingkang boten ridha nampi hakipun sanajan menawi kaukur kanthi kebetahanipun sejatosipun sampun cekap. Para koruptor sami boten saget syukur karana sifat srakahipun lan boten qona’ah nampi rezeki saking Allah SWT.
Awit saking punika Allah SWT ngengetaken kita kanthi Firmanipun:
وَلاَ تَأْكُلُواْ أَمْوَالَكُم بَيْنَكُم بِالْبَاطِلِ وَتُدْلُواْ بِهَا إِلَى الْحُكَّامِ لِتَأْكُلُواْ فَرِيقًا مِّنْ أَمْوَالِ النَّاسِ بِالإِثْمِ وَأَنتُمْ تَعْلَمُونَ


Lan aja sira pangan bandha saka saperangan bandhane wong liya  kanthi cara kang bathil lan sira aja nggawa urusan bandha marang hakim, supaya sira bisa mangan saperangan bandhane wong liya kanthi tumindak dosa kamongko sira mangerteni. (QS Al Baqarah [2]:188).

Saking keterangan ing nginggil, saget kapendhet sarinipun bilih taqwa ing Allah SWT punika mbetahaken panggalihan ingkang saestu. Kanthi makaten kita saget taqwa ingkang leres.
Pungkasanipun sumangga kita nyenyuwun ing Allah kanthi doa:
اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ وَارْحَمْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَ الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ
.
اَللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَاتَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَابِهِ جَنَّتَكَ وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مَصَائِبَ الدُّنْيَا. اَللَّهُمَّ مَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْهُ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ عَاداَنَا وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِى دِيْنِنَاوَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لاَ يَرْحَمُنَا
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
.
رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
                                                                                               
                

Tidak ada komentar:

Posting Komentar